Rabu, 09 Maret 2016

GEGURITAN ALAM

Api Abadi Mrapen
( R.Tantiningsih )

Latu kuwi, tansah murub
Ora nggubris kiwa tengene
Nadyan digrujug tirta
Nadyan maruta pada teka
Nanging latu kuwi ora surut

Latu kuwi, tansah murub
Kaya latu kang ana jero ati
Angel dipateni lan angel diadhemake

Latu kuwi, tansah murub
Ing mrapen dununge
Ninggal sejarah
Kanggo anak putu

Selasa, 08 Maret 2016

GEGURITAN

KATRESNAN BAPAK LAN IBU


Bapak, ibu.....
Pangorbananmu,
Ora pedhot kairing lakune wektu
Katresnanmu,
Awujud cahyaning lintang rembulan kang gumebyar ing langit biru

Tanpa panjenengan, bapak lan ibu
Krasa luwih abot anggonku mlaku
Anggonku ngadephi dina-dina ing uripku
Anggonku kulak ngelmu kanggo nggayuh pangimpenku

Nalika ana tumindakku kang luput
Panjenengan tansah paring pangemut
Supaya uripku ora kalang kabut
Supaya bisa dadi tuladha becik lan bisa dianut

Matur nuwun Bapak Ibu
Mugi-mugi Gusti mbales kabeh kabecikanmu
Lan aku bisa dadi kaya apa kang dadi pangimpenmu
Tansah agawe aruming asmamu

Kairing dongamu
Aku tansah nyuwun pangestu
Supaya bisa mbales budi mring sliramu
Lan bisa kacekel apa kang dadi pangimpenku